Serat Tripama
Serat Tripama
Serat Tripama iku karya sastra kang awujud tembang macapat, mligine pupuh Dhandhang Gula. Serat Tripama wiwit ana nalika jaman Mangkunegara anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (K.G.P.A.A. Mangkunegara IV) ing Surakarta. Isine ngenani ajaran kaprajuritan kang ditindakake dening Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Basukarna.
A. Serat Tripama Pupuh Dhandhang Gula
1. Serat Tripama
Serat Tripama wujude tipis lan mung sapupuh yaiku pupuh Dhandhang Gula kang dumadi saka pitung pada. Pupuh yaiku rerangkening tembang kang padha nganti pirang-pirang pada utawa bait.
Serat Tripama iki diripta udakara taun 1860-an kanthi ancas supaya bisa dadi patuladhan lan sumbering inspirasi, ora namung kanggo prajurit, nanging uga para pemimpin utawa kabeh bebrayan agung saengga bisa kasil anggone nindakake kewajibane dhewe-dhewe ing alam donya.
2. Pupuh Dhandhang Gula
Tembang Dhandhang Gula asale saka tembung "dhandhang" lan "gula" ateges sawijining rasa kang legi/manis utawa seneng. Tembang Dhandhang Gula nggambarake manungsa kang lagi ngrasakake nikmate urip, nggambarake umur kang wis diwasa, wiwit bisa ngatur kabutuhane urip, lan seneng nyambut gawe bebarengan.
Tembang Dhandhang Gula nduweni sasmita kaya dene sarkara, manis, madu, (h)artati, dhandhang, guladrawa, lan sapanunggalane. Sasmita yaiku unen-unen atau tetembung kanggo menehi tandha utawa pralambang arane tembang. Watake tembang Dhandhang Gula yaiku luwes, kewes, manis, resep(seneng), lan nyenengake.
B. Paugeran Pupuh Dhandhang Gula
Paugeran pupuh Dhandhang Gula ing Serat Tripama kaya dene pupuh-pupuh liyane kang ana ing Serat Wedhatama, yaiku kaya ing ngisor iki.
1. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
2. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.
3. Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada.
Nilai-nila jroning crita iku ana gegayutane karo nilai relegius, nilai sosial, nilai kabudayan, lan nilai moral.
C. Nggancarake Pupuh DhandhangGula

Langkung ana jamane narpati,
nora nana pan ingkang nanggulang,
wong desa iku wadale,
kang duwe pajek sewu,
pan sinuda dening Narpati,
mung metu satus dinar,
mangkana winuwus,
jamanira pan pinetang,
apan sewu wolungatus anenggih,
ratune nuli sima.
Guru gatra : 10
Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
D. Nulis lan Nyunting Tembang Dhandhan Gula
Babagan kang perlu dieling-eling yaiku paugerane tembang Dhandhang Gula lan anggone gawe syair migunakake basa kang rinengga. Perkara-perkara kang kudu digatekake nalika arep gawe tembang yaiku kaya ing ngisor iki.
1. Nemtokake tema.
2. Mangreteni guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan tembang Dhandhang Gula.
3. Mangreteni watake tembang Dhandhang Gula.
4. Mangreteni pigunane tembang Dhandhang Gula.
5. Nyusun tembung dadi sagatra manut paugerane.
6. Ngronce gatra-gatra bacutane nganti tekan 10 gatra kanthi runtut, nduweni teges, lan manut paugerane tembang.
Contoh Karangan Serat Tripama
Ana bocah sing jenenge silfi
Senengane ngrewangi wong tuwa
Ingkang becik tumindakke
Rak tau ngomong saru
Seneng sholat lan seneng ngaji
Maring kanca apikan
Lan rak seneng nesu
Seneng kumpul kanca-kanca
Bocahe pancen seneng sing resik-resik
Mula dadi tuladha

Komentar
Posting Komentar